Bathara Surya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Senggani. Bathara Surya duwe sedulur cacah sepuluh, yaiku Sanghyang Wungkuam, Sanghyang Temboro, Sanghyang Kuwera, Sanghyang Wrahaspati, Sanghyang Syiwah, Sanghyang Surya, Sanghyang Candra, Sanghyang Yama/Yamadipati, Sanghyang Kamajaya lan Bathari Darmanasti utawa Dewi Darmanastiti.
Miturut andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa, weton Balai Pustaka, Bathara Surya dicritakake duwe sisihan loro, mbakyu adhi, yaiku Dewi Ngruna lan Dewi Ngruni. Sisihane Sanghyang Surya iki sabanjure nurunake bangsa kaga utawa garudha lan bangsa naga utawa ula.
Dening Sanghyang Ismaya, sisihane Sanghyang Surya sakeloron iku diparingi endhog siji-siji. Endhog kang diparingake marang Dewi Ngruna, sawise tekan titi mangsane netes dadi kaga utawa garudha kembar lan dijenengi Sampati lan Jatayu. Sabanjure, garudha kembar iku kondhang lan dadi paraga baku ing crita Ramayana.
Dene endhog kang diparingake marang Dewi Ngruni, nalika tekan titi mangsane netes dadi ula kang cacahe tanpa wilangan, akeh banget. Miturut Mahabharata, garudha Sampati lan Jatayu iku putrane garudha Aruna kang lair saka guwa garbane Dewi Sweni.
Kaga Aruna lan Garudha iku putrane Resi Kasyapa lan sisihane kang asmane Dewi Winata. Lan bangsane naga utawa ula kasebut uga putrane Resi Kasyapa lan sisihan liyane kang asmane Dewi Kadru.
Sisihane Bathara Surya liyane, yaiku Dewi Prati utawa Dewi Haruni, putrane putri Sanghyang Ramaprawa. Lan Sanghyang Ramaprawa dhewe ora liya ya putrane Sanghyang Wening.
Putra resmine asma Bathara Rawiatmaja kang sabanjure nurunake raja-raja ing Mahispati utawa Maespati, antarane yaiku Prabu Arjunawijaya utawa Arjunasasrabahu lan Sumantri.
Bathara Surya nate paring Cupu Manik Astagina marang Dewi Indradi kang nyebabake tuwuhe kasangsayan tumrap Dewi Indradi lan anak-anake, yaiku Dewi Anjani, Subali lan Sugriwa. Kabeh padha malih rupa dadi wanara, mangkono uga para abdi kang nggulawentah.
Ing lakon Pandhu Krama, Dewi Kunthi, putrane putri Prabu Kunthiboja saka Krajan Mandura, peputra Karna utawa Suryatmaja lan uga kondhang kanthi jeneng Suryaputra, adipati Awangga. Dewi Kunthi peputra Karna amarga nerak piwelinge gurune, Resi Druwasa, supaya ora matek aji Pameling Wekasing Tunggal nalika ngancik wayah tengange, yaiku wancine srengenge ana ing tengah.
Amarga nerak piwelinge gurune iku, kang ateges Dewi Kunthi matek aji Pameling Wekasing Tunggal, wusana Bathara Surya tumeka ing sangarepe Dewi Kunthi. Kedadeyan iku ndadekake Dewi Kunthi ngandhut jabang bayi kang nalika lair ngliwati kupinge Dewi Kunthi lan dijenengi Karna.
Bathara Surya duwe tunggangan arupa kreta kang ditarik dening jaran cacah pitu. Kreta sajanaren nate disilih Bathara Wisnu kanggo nyirnakake Prabu Watugunung, raja krajan Gilingwesi.
Sanghyang Surya iku kang mangerteni sapa sing nyolong Tirta Amerta utawa banyu panguripan kang murca saka kadewatan. Sing nyolong ora liya Kala Rahu. Wusanane Bathara Surya tansah diancam dening Kala Rahu, bakal dipangan.
Yen Sanghyang Surya bisa dicekel dening Kala Rahu lan diemplok, bakal dumadi grahana srengenge. Sanghyang Surya iku dewane srengenge. Kayangane sinebut Ekacakra.
Bathara Surya madhangi arcapada, paring kalodhangan kanggo tuwuh lan ngrembakane tumrap kabeh titah ing wanci awan. Sanghyang Surya duwe putra loro saka Dewi Ngruni, yaiku Dewi Suryawati (sabanjure dadi sisihane Gathotkaca lan nurunake putra kang jenenge Suryakaca) lan Suryanindra. Wandane Bathara Surya iku Rawe
Entri Populer
-
gerot / dukuh gerot desa karangwotan /desa maju masyarakat sejahtera: komunyty pemuda kidul-/(KAPAK)adalah suatu asosias... : "ukuh ger...
-
Sanghyang Indra utawa Bathara Indra iku putrane Sanghyang Manikmaya lan Dewi Umayi kang nomer telu. Indra ateges luhur utawa rasa kang nabet...
-
Setelah selesai 12 tahun penderitaannya, Pendawa Lima dan Drupadi menetap di Wirata. Yudistira telah mengirim surat ke Pancala untuk memberi...
-
Haryo Wibakso duwe gawe. Nggelar sukuran anggone diangkat dadi pejabat eselon ing papane nyambut gawe. Ora baen-baen, kanggo nambahi semuwan...
-
Legenda Candi Prambanan November 6, 2007 pada 5:18 pm ( Cerita Rakyat ) Alkisah, pada da...
-
Quantcast antaboga_solo Bathara Anantaboga iku dewa kang awujud naga kanthi swiwi lan dumunung ing kayangan Saptapratala. Tembung ananta ik...
-
Bathara Surya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Senggani. Bathara Surya duwe sedulur cacah sepuluh, yaiku Sanghyang Wungkuam, Sanghyang ...
-
oleh Souljah seindah-indahnya mimpiku dan lautan di depan mataku tak pernah kurasa sendiri sepi yang terus menghantui hati ku tertinggal di...
-
di saat malam mulai larut tanpa kehadiran bintang yang menerangi hati q kegelapan di hati q membuat diri ini kehilangan arah adakah tujuan ...
-
Bathara Surya iku putrane Sanghyang Ismaya lan Dewi Senggani. Bathara Surya duwe sedulur cacah sepuluh, yaiku Sanghyang Wungkuam, Sanghyang ...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar